Breaking News

Monday, May 28, 2012

Cangkriman


Cangkriman

Cangkriman, cangkriman! Bahasa Indonesiane ya tebak - tebakan / teka - teki . .

1. Cangkriman wantah:
  • Pak Boletus : Tepak kebo lelene satus
  • Burnas kopen : Bubur panas kokopen
  • Pindhang kileng : Sapi ning kandhang, kaki mentheleng
  • Wiwa wite, lesbo dhonge, karwa pake : Uwi dawa wite, tales amba godhonge, cikar dawa tipake
  • Pak lawa : Tepak ula dawa
  • Bot ginawa entheng, theng ginawa abot : Klobot ginawa entheng, genteng ginawa abot
  • Surles pe dheg wer - weran : Susur teles dipe nang gedheg jewer - jeweran
2. Cangkriman pepindhan:
  • Pitik walik saba kebon (nanas)
  • Sega sakepel dirubung tinggi (salak)
  • Ora mudhun - mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong (kates)
  • Pitik walik saba meja (sulak, kemocek)
  • Emboke dielus - elus anake diidak - idak (anda)
  • Gajah nguntah sakrah (pawon)\
  • Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran (undhuh krambil)
  • Kebo bule cancang merang (buntil)
  • Disuguhi opak angin (ora disuguh apa - apa)
  • Anake gelungan, ibune ngrembyang (pakis)
  • Wis gedhe kok ngguyu tawa (nangis)
  • Yen ibune siji anake loro, yen anake siji ibune loro, yen ibune telu ora duwe anak (salak)
  • Lawa lima, kalong telu dadi pira (wolu)

No comments:

Post a Comment

Designed By NURYONO