Breaking News

Monday, May 28, 2012


Tembung Entar
yaiku tembung kang tegesé ora kaya makna saluguné (kata kiasan).
Umpamané:
  • Abang-abang lambé: Ora tenanan/ora serius
  • Abang rainé: Nandhang isin
  • Abang kupingé: Kesuh/nesu banget
  • Adus kringet: Nyambut gawé abot banget
  • Adol kringet: Nyambut gawé
  • Ala jenengé: Ora iso dipercoyo
  • Bening ati: Sumèh
  • Cagak urip: Nggo nyukupi kabutuhan urip
  • Dawa tangané, tegesé clemer, seneng nyolong.
  • Dawa ususe tegesé sabar.
  • Jembar segarané, tegesé seneng ngapura kasalahané liyan.
  • Kuat isin: Ora tau isin
  • Ora duwé ati: Wong sing tega
  • Lunyu ilaté, tegesé mencla-ménclé.
  • Wani mati: Kendel banget/rada nekad
  • Weteng karèt: Akèh mangané
Tembung saroja
iku tembung kang rinakit seka rong (2) tembung kang (mèh) padha tegesé lan bisa nuwuhaké makna kang luwih teges. Bisa maknané perkara kang ana sesambungané, bisa uga kahanan kang mbangetaké.
Tuladha:
  • sato kéwan = perkara kéwan
  • ayem tentrem = tentrem tenan
  • tepa tuladha = tuladha
  • tresna asih = asih tenan
  • colong jupuk = perkara nyolong utawa kagiatan nyolong.

Tembung Kerata Basa(makna kata dari penjabaran kata asalnya)
Desember :gede-gede sumber
gedhang : digeget sakbubare madhang,
kerikil : keri nang sikil
Sepeda : asepe tidak ada
Sepur :asepe metu ndhuwur
Bapak = bab apa-apa pepak (pepak kawruh lan pengalaman)
Bocah 
= mangane kaya kebo, pagaweane ora kecacah
Brekat 
= mak breg diangkat
Cangkir 
= dianggo nyancang pikir
Cengkir 
= kencenging pikir
Copet 
= ngaco karo mepet-mepet
Garwa 
= sigaraning nyawa
Gedhang 
= digeget leh bar madhang
Gethuk 
= yen digeget karo manthuk-manthuk
Guru 
= digugu lan ditiru
Gusti 
= bagusing ati
Kaji 
= tekade siji (ngantebi panembahe marang Gusti Allah)
Kathok 
= diangkat sithok-sithok
Kodhok 
= teka-teka ndhodhok
Kutang 
= sikute diutang
Krikil 
= keri ing sikil
Kuping 
= kaku njepiping
Tembung rurabasa
kuwi tetembungan sing ajeg panganggoné sanadyan salah kaprah. Contoné antara liya:
  • mangan awan = mangan sega wanci awan
  • mènèk klapa = mènèk wit klapa
  • ndhudhuk sumur = ndudhuk lemah digawé sumur
  • nglinthing rokok = nglinthing klobot digawé rokok
  • nulis layang = nulisi dluwang supaya dadi layang
  • nunggu manuk = nunggu sawah supaya pariné ora dipangan manuk
Cangkriman
bisa dipérang jorining telung golongan yakuwi: Cangkriman Wancah, cangkriman pepindhan lan cangkriman awujud tembang.
  • Cangkriman wantah
Cangkriman iki arupa cekakan saka tembung kang kagandhèng dadi siji. Tuladhha:
  • Burnas kopen : Bubur panas kokopen
  • Pak boletus :tepak kebo léléné satus
  • Pindhang kileng : Sapi nang kandhang, kaki mentheleng
  • Wiwa wité, lesbodhongé, karwa paké : uwi dawa uwité, tales amba godhongé, cikar dawa tipaké
  • Cangkriman pepindhan
Cangkriman iki awujud ukara kang dadi pepindhan tumrap jeneng kang kudu dibatang. Tuladha:
  • Pitik walik saba kebon : nanas
  • Sega sekepel dirubung tinggi : salak
  • Ora mudhun-mudhun yèn ora nggawa mrica sakanthong : katès
  • Pitik walik saba méja : sulak, kamocsudyszed
  • Gajah nguntal sangkrah : pawon
  • Kebo bulé cancang merang : buntil
  • Cangkriman awujud tembang
Cangkriman iki rinakit arupa tembang. Tuladha:
  • Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring. Sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)
  • Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)
  • Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya. (klenthing/jun)
raimu eleng tekus

PURWAKANTHI
Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngamot paribasansaloka, utawa tembang. Purwakanthi bisa digolongake dadi telu, yakuwi: Purwakanthi guru swara, Purwakanthi guru sastra lan Purwakanthi Lumaksita.
Purwakanthi Guru Swara
  • Aja dumè menang, banjur tumindak sawenang-wenang
  • Ana awan, ana pangan
  • Ana dina, ana upa
  • Ati karep, bandha cupet
  • Bareng wis makmur, lali marang sedulur
  • Becik ketitik, ala ketara
  • Gelem obah, mesthi mamah
  • Inggah inggih, ora kepanggih
  • Ijo-ijo godhong kara, bareng bodho lagi rumangsa
  • Ireng-ireng kétok untuné, bareng seneng kétok guyuné
  • Ora cepet, ora ngliwet
  • Thenguk-thenguk, nemu kethuk
  • Tuwas sayah, ora paédah


Purwakanthi Guru Sastra
  • Aja dhemen memada samèng dumadi
  • Bobot, bibit, bèbèt
  • Janji jujur, jajahané mesthi makmur
  • Sing sapa salah sèlèh
  • Sing wèwèh bakal wuwuh
  • Sluman slumun slamet
  • Tata titi tentrem
Purwakanthi Lumaksita
  • Asung bekti, bektiné kawula marang Gusti
  • Bayem arda, ardané ngrasuk busana
  • Lungguh dhingklik, dhingkliké wong cilik-xilik
  • Nandang lara, laraning wong lara lapa
  • Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa
  • Raja putra, putra dalemé Ngastina
  • Saking tresna, tresnané mung samudana

Panyandra

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Langsung menyang: pandhu arahgolèk
Panyandra iku digunaaké kanggo pepindhan. Tembung candra nduwé teges rembulan. Ananging lakuné jaman, candra uga dienggo kanggo pepindhan marang sawijining kahanan kang mèmper karo kanyatan.
Tuladha:
  • Untuné miji timun : untuné tumata rata kaya wiji-wiji timun.
  • Pundhaké nraju emas
  • Bangkèkané nawon kemit : bangkèkané kaya prajurit tawon.
  • Alisé nanggal sepisan : alisé kaya rembulan ing tanggal siji, mlengkung cilik.
  • Matané ndamar kanginan : matané kaya damar (diyan) sing kena angin, riyip-riyip.
  • Drijiné mucuk eri : drijiné kaya eri sing lancip-lancip.
  • Lambéyané mblarak sempal : lambéyané kaya blarak sing sempal kena angin.



YogaSwara
Tembung Yogaswara yaitu 2 kata yang digabung menjadi satu dimana pengucapan kedua kata tersebut hampir sama atau mirip. Tembung Yogaswara untuk menjelaskan atau mengandung arti laki-laki dan perempuan.
Misalnya:
Dewa-Dewi
Bathara-bathari
Gandarwa-gandarwi
Pemudha-pemudhi
Putra-putri
Raksesa-raksesi
Widadara-widadari
Prameswara-prameswari
Apsara-apsari
Gedhana-gedhini
dst...


DASANAMA
  • Abang = abrit, mbranang, dadu, jingga, merah, rekta
  • Alas = jenggala, wana, wanadri
  • Anak = atmaja, putra, putri, siwi, sunu, suta, tanaya, weka, yoga
  • Angin = bayu, braja, maruta, pawana, riwut, samirana, sindhung
  • Ati = driya, galuh, kalbu, nala, panggalih, prana, tyas, wardaya
  • Awak = angga, badan, raga
  • Banyu = her, tirta, warih
  • Bapak = rama, sudarma, sudarmi, yasadarma, yayah
  • Bledhèg = bajra, erawati, gelap, glidhug, grah, guntur, gurnita, pater, thathit
  • Bodho = blilu, dama, jugul, kumprung, mudha, pengung, pingging, pinggung
  • Bumi = bawana, buwana, bantala, basundara, basundari, butala, buntala, jagad, kisma, mandhala, pratiwi, pratala
  • Buta = asura, danuja, diyu, ditya, denawa, yaksa, kelana, raseksa, wil
  • Dalan = dlanggung, enu, gili, hawan, lebuh, lurung, marga, ratan, sopana
  • Déwa = apsara, bathara, déwata, hyang, jawata, sura, widadara
  • Gajah = asti, dipa, dipangga, diradha, esthi, liman
  • Gawé = kardi, karya, karti, yasa
  • Geni = api, piyu, brama, dahana, latu, pawaka
  • Getih = ludira, rah, rudhira
  • Gunung = aldaka, ancala, ardi, bukita, giri, meru, parwata, prabata, redi, wukir
  • Ibu = biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi
  • Ireng = cemeng, langking, kresna, jlitheng
  • Iwak = matswa, mina, ulam
  • Jaran = aswa, kapal, kuda, swa, titihan, turangga, undhakan, wajik
  • Jeneng = asma, jejuluk, parab, sambat, rum-rum, wewangi
  • Kali = bangawan, loh, narmada
  • Kanca = kanthi, réwang, rowang
  • Kaya = kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha, yayah
  • Kebo = maésa, misa, mundhing
  • Kembang = kusuma, padma, puspita, sekar
  • Kethèk = juris, kapi, munyuk, palwaka, pragosa, rewanda, wanara, wre
  • Kraton = dhatulaya, kadhaton, kadhatun, pura, puri
  • Kuning = jenar, kapuranta, pita
  • Lanang = jaler, jalu, kakung, priya
  • Langit = akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat
  • Lintang = kartika, sasa, sudama, tranggana, wintang
  • Macan = mong, sardula, singa
  • Mangan = boga, bukti, dhahar, madhang, sadhah, nedha
  • Manuk = kaga, kukila, paksi, peksi
  • Manungsa = jalma, jana, janma, manus, nara, wong
  • Mata = aksi, eksi, mripat, pandulu, nètra, soca
  • Mati = antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, mancal donya, murud, padhem, palastra, pralaya, pralèna, sèda, tinggal donya, tilar donya
  • Mayit = bangkè, jisim, kunarpa, kuwanda, wangkè, sawa
  • Misuwur = kajanapriya, kajuwara, kalok kaloka, kasub, kawarti, kasutra, kawentar, kaonang-onang, kombul, kondhang, kongas, kontap
  • Omah = graha, griya, panti, wisma, yasa
  • Panah = astra, bana, jemparing, naraca, sara, warastra
  • Pandhita = ajar, dwija, dwijawara, maharsi, mahayeksi, muni, resi, suyati, wiku, wipra, yogiswara
  • Perang = bandayuda, jurit, laga, pupuh, rana, yuda
  • Pinter = guna, lebda, limpad, nimpuna, putus, wasis, widigda, widura, wignya
  • Putih = dwala, pingul, sèta
  • Ratu = aji, buminata, bumipala, bumipati, dhatu, katong, naradipa, naradipati, narpa, narpati, narendra, nareswara, nata, pamasa, parameswara, raja, sri, sirbupati
  • Rembulan = badra, basanta, candra, lek, sasadra, sasn=angka, sasi, sitoresmi, sitengsu, wulan
  • Segara = ernawa, jalanidhi, jaladri, laut, samodra, tasik, udaya
  • Sedhih = duhkita, kingkin, margiyuh, rimang, rudah, rudatin, rudatos, rudita, sungkawa, susah, tikbra, turida, wigena
  • Sènapati = bretyapati, hulubalang, narawara, sènapatya
  • Sirah = kumba, murda, mastaka, ulu, utamangga
  • Slamet = basuki, raharja, rahayu, swasta, sugeng, yuwana, widada
  • Srengèngè = arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, dèwangkara, pradangga, radutya, raditè, rawi, surya, we
  • Ula = naga, sarpa, sawer, taksaka
  • Wadon = dayinta, dyah, gini, juwita, kusuma, putri, retna, rini, wanita, wanodya, widawati
  • Weruh = anon, myat, priksa, udani, uning, uninga, upiksa, wikan, wrin

ASMARADHANA
Asmaradana utawa Asmarandana iku sawijining jinis tembang macapat. Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artinetresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
Étimologi
Pupuh bisa 'asmaradana' digandhèngaké karo Smaradahana.
Metrum
Asmarandana diracik saben pada (bait) ana 7 gatra (larik).
  • 8-i
  • 8-a
  • 8-é
  • 8-a
  • 7-a
  • 8-u
  • 8-a

No comments:

Post a Comment

Designed By NURYONO